suwe banget ora ngepost blogku..
aku arep crita babagan kuliahku awit semester 1 tekan semester 5 iki..
semester 1 (^.^)
aku nembe lulus saka SMA.. ujarku tugas kuliah kaya tugas SMA.. hehehe.. semester 1 durung ana tugas..sante banget.. ujiane ya standar-standar wae.. nanging IPku durung kumlot :-((
semester 2 (^^,)
tugas wis mulai ana.. ngelu ngeli sithik.. nanging isa digarap..sante sante haha.. durung krasa sing jenenge kuliah.. :-)) esih nggampangke kuliah,,IP ya lumayan mundhak,,Alhamdulillah.. ^^
semester 3 (~.^)
mulai diperhitungkan.. wis sibuk organisasi nang HIMA ditabah karawitan barang..:( ngelu sirahku.. nanging kabeh kuwi ana dalane.. ya!! buktine IP isa nambah maneh..:)) ora apa apa durung kumlot.. :-))
semester 4 (~~,)
melu kuliah pranatacara.. pas nembe mlebu semester 4 pikiranku marang mata kuliah pranatacara gawe mumet,,dikon ngapalke naskah naskah pranatacara..wis negatif thingking sek,, jebul pas aku kuliah pranatacara, dosene eman banget,, ora dikon ngapa-ngapa.. :-D, malah ujiane kaya wong nonton nikahan thok,, ora ngomong, mung lenggah neng kursi penonton hahaha.. sing ngomong kancaku.. eh malah aku ya entuk nilai,, aliase ki ujiane kelompok, ana sing dadi manten, ana sing dadi pranatacara, lan liya-liyane.. aku kebagean nonton thok,, Alhamdulillah.. :-)) pas ujian ujarku aku nggarape bener,, kok IPku malah mudhun..:(( wah, kayane akusibuk banget.. >.<
semester 5 (>.<)
jebul aku wis semester tuwa.. :'( huhf.. tugas tugas ujian numpuk kabeh,, ana sing gawe buku, nganalisis jurnal internasional, naskah ketoprak, makalah makalah gawe ngelu,,:-( aku stresss akuttt janee.. sabar wae.. :-)).. paligan sing menyita waktu akeh pas latian ketoprak kuwi.. awal semester tekan akhir semester,, lakon ketoprak rombelku "suminten edan"..sing gawe aku edan tenanan.. aku ngrasa sing jenenge kuliah iki awit semester 5 meng ndhuwur.. masa ujian ujianku saka tugas kabeh,, ora ana ujian tulis...pas aku sekarat garap tugas, kanca-kanca sante,, saiki aku sante-sante, kanca-kanca sing sekarat hehehe.. berarti urip ki mubeng.. pas nang ndhuwur aja lali syukurr,, pas neng ngisor ya aja lali syukur.. :-)) tetaplah bersyukur intine.. :-))
semester 6 ??
loading..................
ya kuwi lah critaku pas kuliah.. :-D